Elah uis suwe rasane ngempet kangen nang kancaku sing siji iki, opo maneh mau pas gak sengojo nemu terus muter lagu Dear God, Avenged Sevenfold. aku kangen gaya dia, aku kangen dikongkon maem ndek umahe joko, kangen Lana. akeh aktifitas biasa sing gak eneg istimewane nang kono tapi kuwi malah dadi kenangan sing angel banget dilalekne.. elae rasane grantes nang ati. Pas lagi kenal lan duwe konco seakrab Joko kok malah ndang cepet dipisahne ngene. kangen de'e sing selalu nangendi-ngendi dolanan gitar, nyanyi nyanyi bareng, kerenlah pokoke. angel golek konco model bladuz, gede, ireng, rodok nglucu, lan 'semau guwe' ngono kae. bocahe ki yo akeh sitik gampang nganyeli tapi yo jane wonge apikan banget. orange ki modele mule (lomo, gampangan) yo lagi iki duwe konco model madul tapi apikan banget koyok de'e, kelingan juga pas turu cah loro nang warnet cuma beralaskan tikar seadanya nang kono sebelum kabeh bubuk cerito cerito seg, curhat-curhatan  hahaha gaya banget ig, tapi yo mung cuma nang kono tog aku mbi de'e iso podo omongan sing enek kesan serius lan dari hati ke hati wkwkwk, ndek kono aku akeh ngambil cerita pengalaman ko de'e.. salut! de'e sing luweh enom ko aku kok malah uwes akeh pengalamane timbange aku